Jumat, Desember 24, 2010

Sholawat tanpo waton

Astagfirullah Robbal Baroya...
Astagfirulloh Minal Khaataya...
Robbi zidni 'ilmannaafii'a...
Wawaffikni 'amalansoliha...

Yarosulalloh salammun'alaik...
Yaarofi'a Syaani Waddaaroji...
'Atfata ya Jirotal 'Aalami...
Ya Uhailal Juudi Waalkaromi...

Ngawiti ingsun nglarasa syi'iran
Kelawan muji maring pengeran
Kang paring rohmat lan kenikmatan
Rino wengine tanpo pitungan 2x….

Duh bolo konco priyo wanito
Ojo mung ngaji syare'at bloko
Gur pinter ndongeng nulis lan moco
Tembe mburine bakal sangsoro 2x….

Akeh kang apal Qur'an haditse
Seneng ngafirke marang liyane
Kafire dewe dak digatekke
Yen isih kotor ati akale 2x….

Gampang kabujuk nafsu angkoro
Ing pepaese gebyare ndunyo
Iri lan meri sugihe tonggo
Mulo atine peteng lan nistho 2x….

Ayo sedulur jo nglaleake
Wajibe ngaji sak pranatane
Nggo ngandelake iman tauhite
Baguse sangu mulyo matine 2x…..

Kang aran soleh bagus atine
Kerono mapan seri ngelmune
Laku thoriqot lan ma'rifate
Ugo hakekot manjing rasane 2x….

Alquran qodim wahyu minulyo
Tanpo dinulis biso diwoco
Iku wejangan guru waskito
Den tancepake ing jero dodho 2x….

Kumantil ati lan pikiran
Mrasuk ing badan kabeh jeroan
Mu'jizat rosul dadi pedoman
Minongko dalan manjinge iman 2x…

Kelawan Alloh kang moho suci
Kudu rangkulan rino lan wengi
Ditirakati diriyadhohi
Dzikir lan suluk jo nganti lali 2x…

Uripe ayem rumongso aman
Dununge roso tondo yen iman
Sabar narimo najan pas pasan
Kabeh tinakdir saking pengeran 2x…

Kelawan konco dulur lan tonggo
Kang podo rukun, ojo ngasio
Iku sunnahe rosul kang mulyo
Nabi Muhammad, panutan kito 2x…

Ayo ngelakoni sakabehane
Allah kang bakal ngangkat drajate
Senajan ashor toto dhohire
Ananging mulyo maqom drajate 2x..

Lamun prasto ing pungkasane
Ora kesasar roh lan sukmane
Den gadang Allah suwargo manggone
Utuh mayite ugo ulese.. 2x…

0 komentar:

Kethuk Hati © 2008 Por *Templates para Você*